Judul lagu-lagu jawa

Kalau beberapa waktu yang lalu bandel menulis nama-nama jawa, ni ada tambahan, yaitu lagu-lagu jawa.

All out of love (Air Supply)  :  Katresnan sak pol'e
Goodbye (Air Supply)  :  Lilanana pamit mulih
Lost in love (Air Supply)  :  Keblasuk ing katresnan
Making love out of nothing at all (Air Supply)  : Ngenc*k gratis
Grease (Bee Gees)  :  Kinclong
How deep is your love (Bee Gees)  :  Duwekmu kok jero 'men
I started a joke (Bee Gees)  :  Wiwit ndagel
In the morning (Bee Gees)  :  Esuk uthuk-uthuk
Saturday night fever (Bee Gees)  :  Meriang ning nekat ngapel
Stayin' alive (Bee Gees)  :  Dawa umur
Words (Bee Gees)  :  Nggedebus
Highway star (Deep Purple)  :  Jago trek-trek'an
Smoke on the water (Deep Purple)  :  Umob (album 'Nggodog Wedang')
Soldier of fortune (Deep Purple)  :  Perjurit beja
Mama (Genesis)  :  Mbok'e
Another day in paradise (Phill Collins)  :  Suk'mben ing swarga
Againts all odds (Phill Collins)  :  Ganep
All night long (Lionel Richie)  :  Lek-lek'an (ngebyar)
Still (Lionel Richie)  :  Isih (durung entek)

Stuck on you (Lionel Richie)  :  Kecanthol sliramu
< Truly (Lionel Richie)  :  Tenan'e
Frozen (Madonna)  :  Njendel (album 'Lengo klentik')
Like a virgin (Madonna)  :  Ketok'e perawan (jebul wis .... )
Don't cry for me, Argentina (Madonna)  :  Sragen, aja nangis
Billy Jean (Michael Jackson)  :  Tuku katok Levis
Black white (Michael Jackson)  :  Ireng putih (album 'Seragam sinoman')
Killing me softly (Roberta Flack)  :  Di-ithik-ithik sak-modar'e
Release me (Engelbert Humperdinck)  :  Cul'na aku
My way (Frank Sinatra)  :  Sak-karepku (album 'Dikandhani ora nggugu')
I don't like to sleep alone (Paul Anka)  :  Aku wedi turu ijen
Fragile (Sting)  :  Bala pecah
Hands clean (Alanis Morissette)  :  Cawik / cewok (album 'Bar ngising')
Believe (Cher)  :  Ngandel-andel'ke ('peh bapake tentara wae)
I still believe (Brenda K Star)  :  Isih ngandel-andel'ke (bapake wis pensiun)
Shy guy (Diana King)  :  Ki Joko Clingus (kancane Ki Joko Bodo)
Wild woman (Michael Learns to Rock)  :  Baul'an
Torn (Natallie Imbruglia)  :  Suwek / dedel duel
Don't speak (No Doubt)  :  Meneng'a wae
La copa de la via (Ricky Martin)  :  Ayo bal-balan
Something stupid (R William & Nicole Kidman)  : Guoblok
Kiss me (Sixpence None The Richer)  :  Sun 'sik 'no
Viva forever (Spice Girls)  :  Viva wae (album 'Pupur murah')
Uptown girl (Westlife)  :  Anak'e wong sugih (album 'Golek maratuwa')
Don't stop me now (Queen)  :  'Ngko 'sik (album 'Di-kon adus')
Bohemian rhapsody (Queen)  :  Ketawang Bu Hemi
We will rock you (Queen)  :  Dak-balang watu sisan, kowe (album 'Gelut')
Always (Bon Jovi)  :  Mesthi ngono
Bed of roses (Bon Jovi)  :  Sar kembang
Alone (Heart)  :  Ijen (album 'Kendel tenan')
Self control (Laura Branigan)  :  Kont(r)ol'e dhewe
Warrior (Pat Benatar)  :  Gali
The temple of the king (Rainbow)  :  Candi raja
Sailing (Rod Stewart)  :  Numpak prau layar (Waljinah)
Jump (Van Halen)  :  Njondil (album 'Kaget')
Almost unreal (Roxette)  :  Ora umum
Black magic woman (Santana)  :  Mak Lampir
Smooth (Santana)  :  Lunyu (album 'Kepleset')
Always somewhere (Scorpion)  :  Mblayang wae
Still loving you (Scorpion)  :  Dak-enteni randha-mu
So young (The Corrs)  :  Soyang (soyang soyang
mbathika plangi .... )
After all (Al Jarreau)  :  Keri dhewe gondol wewe
Forever young (Alphaville)  :  Awet enom
Woman in love (Barbra Streisand)  :  Suminten edan (ketoprak)
Mandy (Barry Manilow)  :  Adus
Suddenly (Billy Ocean)  :  Mak-jegagik
If (Bread)  :  Yen
My heart will go on (Celine Dion)  :  Ati-ku bablas
The prayer (Andrea Bocelli & Celine Dion)  :  Mbah Modin
I've never been to me (Charlene)  :  Durung nate
Hard to say I'm sorry (Chicago)  :  Emoh njaluk ngapura
Zombie (Cranberries)  :  Gendruwo
Boulevard (Dan Byrd)  :  Dalan gede
Lady Valentine (David Gates)  :  Putri Solo
Emotion (Destiny's Child)  :  Muntab
If we hold on together (Diana Ross)  : Dienceng-enceng
It's you (Dionne W & Stevie W)  :  Jebul sliramu
Hotel California (Eagles)  :  Losmen Kali Pepe
Big big world (Emilia)  :  Donya'ne gedhe banget
More than words (Extreme)  :  Nggedebus tenan
In your eyes (George Benson)  :  Blobok
Careless whisper (George Michael)  :  Seneng ngrasani tangga
All I am (Heatwave)  :  Aku kabeh
I don't have the heart (James Ingram)  :  Rempela thok
Just once (James Ingram)  :  Sepisan wae
Beautiful girl (Jose Mari Chan)  :  Bocah ayu
To all the girls I loved before (Julio Iglesias)  : Kanggo
randha-randhaku (album 'Rhoma Irama')
Dust in the wind (Kansas)  :  Lesus nggawa bledug
Pretty boy (M2M)  :  Banci
Smile again (Manhatan Transfer)  :  Ayo ngguyu (Waljinah)
Paint my love (Michael Learns to Rock)  :  Nge-cet omah morotuwa
I'll be here waiting for you (Richard Marx)  : Dak-cegat nyang kene
2 Become 1 (Spice Girls)  :  Ilang siji
Babe (Styx)  :  Maratuwa-ku wong Betawi
Mermaid (Tatsuro Yamashita)  :  Iwak ayu
Lea (Toto)  :  Liya (dudu sing kuwi)
Just the way you are (Billy Joel)  :  Sak-karepmu
Smoke gets in your eyes (jazz)  :  Klilipen kebul
Long train running (Doobie W)  :  Kepalang sepur
All blues (George Benson)  :  Kelunturan katok Levis
O Danny boy (tradisional Irlandia)  :  Jebul'e anake Dani to !
Summertime (jazz)  :  Ketiga (wis suwe ora udan)
Blueberry hill (Louis Armstrong)  :  Gunung Pare (saingane Silir)
Another clown (Leon)  :  Badut liyane

serius lucu teunin...

iki aku entuk seko koncoku juga
neng dowo banget.. di nesoni sing duwe web gak yo?? hehehe... sorry boss..

Gemblong lan kacilakan
Gemblong numpak Eskalator
"Mblong, aku mau kejendelen éng jero lift macet.
"Wah, njók piyé ?
"Nganti patang jam jé.
"Aku yo wés tau
"Kejendelen njeron lift ?
"Óra, aku numpak eskalator macet
"Wah, njók piyé ?
"Aku meneng baé éng kono. Telóng jam.

Ketiban kambél
"Nèk nemoni wong kacilakan, kówé kuðu piyé, Mblong ?
"Nulungi
"Dèk Temu ketiban kambél kok óra tok tulungi ?
"Ajréh
"Weði ? Tetulóng kok weði ?
"Séng nibakké kambél kulo, jé !

Gembèng
"Bopo Guruuuuuuuuu !
"Ono opo ?
"Niko Temu nangés njempléng2
"Wènèhono duwét sèwu mengkó rak meneng. Kaé cah gembèng
"Mboten bakal meneng
"Piyé to ?
"Ha, kecemplóng sumór, jé

Gemblong nulungi wong tuwo.
"Omon, nèk ðaði cah enom iku kuðu piyé ?
"Keðah mitulungi éngkang sepuh2.
"Gawénen conto, Mblong
"Rikolo meniko kulo kalian konco2 seðoso cacahipón, nulungi piyayi sepóh
"Nulungi opo ?
"Nyabrang ðalan
"Nèk móng nyabrangké rak kari nggandèng, to ? Kok nðaðak cah sepulóh ?
"Tiyangé mboten purón nyabrang, jé.

Gemblong murid mbeler
Gemblong sinau étóng
"5 ðitambah 4 piro ?
"9
"4 tambah 5, piro ?
"Ojo ngapusi, ah. Kuwi rak móng ðiwalék. Jawabé 6 !

Gemblong nggarap zigsaw puzzle
"Mu, mu …. Aku kasél nggarap zigsaw puzzle
"Nðelok kéné
"Aku ngrampóngké móng limang sasi
"Limang sasi ?
"Lha iki ono tulisané, ‘buat 4-5 tahón’.

Gemblong sinau abjad.
"OmoGemblong lan Temu, ayo ðólanan. Aku éthok2é bopo guru.
"Yoh
"Yoh
"Aksoro2 iki uniné piyé, Temu ? ( nuðuhké aksoro B,C,D)
"Bé, Cé, lan Dé.
Nèk iki, Gemblong ? (nuðuhké aksoro M,N,P)
"Mé, Né, lan Pé !
PLAK ! Gemblong ðikeplak bopo Guru
"Aksoro2 iki uniné piyé, Temu ? ( nuðuhké aksoro F,R,S)
"èf, èr, lan ès
Nèk iki opo, Mblong ? (nuðuhké aksoro T,D,W)
"èt, èd lan èw !
PLAK … PLAK ! Gemblong ðikeplak bopo Guru. Péng Pindo
"Omon, iki ongko piro ? (nuðóhké ongko romawi XIII)
"Tigowelas !
Nèk iki opo, Mblong ? (nuðuhké ongko Romawi XXX)
"Niku ….. niku ……
"Hayo opo ! Nèk ngawór tak thothoki kówé.
"Niku ….. niku ……
Opo !
"Saruuuuuuuuu ……….. !
PLAK …. PLAK …… PLAK ….. ! Gemblong ngeplak bopo Guru. Péng telu

Gemblong lan bopo Guru

Telat
"Kówé kok pijer telat baé, to ?
"Lhó, rak ðikèngkèn mlampah gliyak2, to ?
"Séng akon sopo ?
"Lha, niko onten tulisan cedak sekolahan
"Tulisan opo ?
"Ada Sekolah, jalan pelan2

Ilmu Bumi
"Mblong, ðuðuhno papané Amerika ono peta iki
"Niki !
"Pinter kówé.
"Lha Gemblong, jé.
"wah, wah, wah, …..
"Murid2, séng nemokké Amerika sopoooooooo ?
"Murid2 : Gembloooooooooong ……… !

Tapak Asmo
"Mo, Mo, Romo saged nyerat nggèn petengan mboten ?
"R : Biso, piyé to ?
"Tapak asmo teng rapot kulo, nggèn petengan saged ?

Gegremet
"Mblong, piyé carané bèn óra ðicokoti gegremet
"Nggéh ampón nyokot gegremet to, mangké ndak ðiwales

Karangan kembar
"Mblong, karangan ‘sekolahku’ kok persis karangané Temu ? kówé nedak, to ?
"Wéééééééééé, mboten !
"Halah, ayo ngaku !
"Lha sekolah kulo kaléh sekolahé Temu sami, jé. Ðaðos criosé nggéh sami.

Ngómyang
"Wong séng terós ngomyang naðyan wés óra ðirungokké jenengé opo ?
"Bopo Guru !

Biologi
"Omon, iwak paus nglahirké anaké. Ðisebót kéwan opo ?
"Mamalia
"Temu, wedós mangan suket ðisebót kéwan opo ?
"Herbipóra
"Macan mangan ðagéng. Ðisebót kéwan opo, Mblong ?
"Kéwan galak !

Nggambar
"Kówé nggambar opo, Mblong ?
"Ménðo nedo suket
"Enði suketé ?
"Empón ðimamah menðané
"Wedusé enði ?
"Empón késah
"Halah, paðuné óra biso nggambar.
"Lhó, nèk empón mboten onten suketé, ménðané teng riku ajeng nopo ?

Monjali
"Monjali iku opo, Mblong ?
"Monumen JOGJA Kembali
"Nggoné ngenði ?
"Teng….. teng …… Lamongan ?

Supersemar
"Gemblong, Supersemar iku opo ?
"Surat Perintah 11-MARET
"Sasi opo ?
"Nopember ?

Gemblong ajar bahasa Indonesia.
Naliko iséh cilék Temu ngajari Gemblong bahasa Indonesia.
"Bahasa Indonesiané bunðer opo ?
"Bundar
"Serem ?
"Seram
"Seneng
"Senang
"Pinter ?
"Pintar
"Saiki terjemahno nganggo bahasa Indonesia.
"Yoh
"Merconé geðem2 néng pas ðisumet mejen kabèh; marahi aku mangkel.
"Merconnya geðam geðam tetapi waktu ðisumat mejan semua; bikin saya mangkal.

"Aku lunggóh lenger2 mumet mikir nganti njlimet
"Saya duduk lengar lengar mumat mikir sampai njlimat.

"Tak sumet séng óra mlempem
"Saya sumat yang tidak mlempam.

"Wong2 kesengsem sebab suarané ganðem marem
"Órang2 kesengsam karena suaranya ganðam maram.

"Sakéng blerengé, ono wong meteng lan lemu mentheg2 nganti merem
"Sakéng blerangnya, ada órang metang dan gemók menthag menthag sampai meram.

Gemblong jago nedak.
"Wah, ðino iki ulangan sujaroh. Aku ðuróng sinau, jé. Kakèhan nonton wayang.
"Halah, arepo kówé sinau, tetep waé ra biso
"Aku mengkó tak nedak kówé, yo ? Mengkó tak jajakké, wés.
"Néng ojo persis banget, yo ? Ndak konangan.
"Contoné piyé ?
"Nèk jawabanku ‘Jakarta’ kówé njawabo ‘Jayakarta’. Nèk aku ‘Yogya’, kówé ‘Jogja’.
"Oké
Bopo guru macakké pitakon2é, murid2 nulés jawabané ono kertasé déwé2.
"Bocah2, nèk óra biso njawab kuðu mènèhi katrangan opo sebabé óra biso njawab. Ngerti ?
"Murið2 : Ngertoooooooooos …..
"Bopo Guru takon Jeneng ciliké Panembahan Sénopati sopo ?
"Temu nulés Ðanang Sutowijoyo
"Gemblong nulés Ð. Sutowijoyo
"Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Sultan Haðiwijoyo sopo ?
"Temu nulés Joko Tingkér
"Gemblong nulés J. Tingkér
"Bopo Guru takon : jeneng ciliké Hamengku Buwono X sopo ?
"Temu nulés Benðoro Raðèn Mas Herjuno Ðerpito
"Gemblong nulés BRM. Janoko D.
"Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Pangéran ðiponegoro sopo ?
"Temu nulés Raðèn Ontowiryo
"Gemblong nulés R. Ontoséno
"Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Sóltan Bintoro sopo ?
"Temu nulés Aku óra ngerti
"Gemblong nulés Opo manèh aku !

Totokromo
"Nèk wong Amerika miðak sikél uwong liyo, muni piyé ?
"Excuse me
" Nèk wong Inggris ?
"Pardon me
" Nèk wong Séngapore ?
"Sorry – lah
" Nèk kówé ?
"Sanès kulo, lhó !

Toto Dahar
"Mu, Temu tak takoni,
"Yoh, arep takon opo ?
"Nèk mangan éng resto piréng sendok garpu mbur adul, séng mentas mangan sopo ?
"Wong Amerika
"Nèk kabèh temoto rapi ?
"Wong Inggris
"Nèk temoto artistik
"Wong Prancis
"Séng paléng resikan sopo ?
"Kówé
"Aku ?
"Piréng sendok garpu lsp tok gowo muléh, to ?

Gemblong yang2an
ABG Gemblong yang2an karó Menuk menyang Mol.
"Trésno iku wuto yo, Mblong
"Ho’oh
"Mblong, yók jajan panganan, yók.
"Yoh, miléh télo gorèng opo bolang baléng
"Piza baé
"Lhó, jaréné trésno iku wuto ? Kok biso miléh panganan ?
"Nèk urusan panganan, trésno iku weróh, jé
"Sarèhné duwétku cupet, tuku bolang-baléng ðipangan ono restóran Pizza, yo Nuk ?
"Yoh, néng kono ono tulisan “ ðilarang membawa makanan senðiri “, piyé ?
"Ojo kuwatir, iki Si Gemblong pónakané Ki Gdé Dadóng Ireng.
Gemblong nggandèng Menuk mlebu restóran, obo teh botol lóró terós cah cilék2 lóró ngethemul mangan bolang baléng. Ðiparani Satpam.
"Hey, kówé biso moco óra, to ? Kaé ono tulisan opo ?
"Ðilarang membawa makanan sendiri
"Kówé mangan opo kuwi ?
"Wé, kulo mboten mbeto panganan piyambak, kok ?
"Lha bólang-baléng kuwi opo ?
"Niku ndèké Menuk. Séng ðitedo Menuk gadahan kulo.

"Kok ono rubung2 kaé ono opo, yo ?
"Sajaké ono kacilakan. Ono polisi, PMI barang kok
"Aku kepéngén weróh néng kemruyuk óra ketok, piyé carané yo ?
"Ojo kuwatir, iki Si Gemblong pónakané Ki Gdé Dadóng Ireng.
Gemblong mbengok sero bangeMinggiiiiiiir …… iki anaké korban arep liwaaaaat !
Séng podo ngrubóng minggér. Korban séng gemléthak kétok. Wedós. Seðulur2é Gemblong.

"Yók tuku saté Meðuro, yók. Nggo ólèh2. Kaé ono séng ðoðol.
"Wah, séng ðoðol meðèni. Mengkó gèk gali ?
"Óra popo. Kono mangkato, tak entèni kéné
"Saténé pinten ?
"Sak tusók sèwu.
"Angsal ngenyang mboten ?
"Nèk gelem tuku gèk tuku, nèk óra ngaliho kono (matané menðeliki Gemblong)
"Wah, séng ðoðol galak, jé.
"Njók piyé ?
"Apiké kówé séng ngglembók. Nèk karó cah wéðok rak éntók. Duwité ra sedeng, jé.
"Yoh
"Pak, samang sekéng Meðuro nggéh ….
"Ho ‘oh.
"Kok tebéh2 mriki ……..
"Aku ðioyak polisi
"Sebabé nopo ?
"Gawé rojo pati.
"Wah, mang napakké ?
"Tak pethèl, ðagingé tak cacah2.
"Sinten séng mang patèni ?
"Cah wéðok cilék ngglembók bèn ðimurahi, tór crigis pijer takooooooon, terós.

Gemblong romantis
Gemblong karó Menuk lungguhan ono lincak nðeleng lintang ono tawang.
"Kang Gemblong; upamané aku ðaði kembang kówé ðaði opo
"Menuk kekasihku – aku tak ðaði tawon nyesep maðumu.
"O, kang Gemblong aku tak ðaði kóran …..
"Ðaði kóran ?
"Ho’oh; supoyo saben ðino aku tok bukaki
"Wah, ho’oh yo. Aku gelem ðuwé kekaséh koyo kóran
"Sebabé ?
"Saben ðino kekasihku ganti anyar !

Gemblong ngenyang Bonekah Rondo
Menuk ngglembók yangé, Gemblong
"Mblong, mbok aku ðitukokké bonekah, yo ?
"Bonékah nggo opo ?
"Tak nggo pakan piték, piyé ?
"Ngono wé nesuuuuu ……
"Jenèh nèk takon ra mutu.
"Yoh wés, néng ojo séng larang2, yo.
"Yók budal nang toko bonekah, saiki yók.
"Niku bonekah nopo, regané pinten ?
"Niki bonekah srimpi, reginé 10,000
"Nèk niku ?
"Niki bonekah Inul, 25,000
"Lhó, kok luwéh larang ?
"Lha bonékahé saget mégal mégol, jé.
"Nèk séng ginuk2 niko ?
"Niki bonekah Rondo, awés sanget.
"Pinten ?
"Tigang yuto
"Wé lha ðalah ……. kok larang banget ?
"Rondo mblegendu, jé.
"Lhó, séng larang niku rak kuðuné srimpi, wong teséh prawan kinclong2. Naðyan mblegendu, rondo niku rak empón ….. anu, to ?
"Wé, mboten ngoten
"Lha sebabé nopo ?
"Aksesoriné kathah, jé. Onten ómah, montor, deposito, mas2an, barlian, lll
"Kok nðaðak aksesoriné kathah ?
"Lha randané éntuk2an sakéng mantan garwané, jé.

Gemblong éng pasrawungan
______________________________________

Gemblong lan sopir bis
Naliko iséh cilék Gemblong numpak bis. Sopiré bés sebel banget, sebab Gemblong usreg, ngomyang terós tór mbrebegi kupéng.
"Nèk bapakku bantèng ibuku sapi, aku ðaði kebo ciliiiiiiiiiiik ………….
"Hus, meneng ! Óra bengak bengok !
"Nèk bapakku Garuðo ibuku Jatayu, aku Sempati ciliiiiiiiiiiik …………. !
"Hèh, biso meneng óra, mBlong !
"Nèk bapakku Hondadada ibuku Yamahahaha, aku Suzukikiki ciliiiiiiiiiiik ……………… !
"Wé lha ðalah ! Tak thothoki tenan kówé, mBlong

Nangéng Gemblong tetep ngomyang bengak bengok mbrebegi kupéng. Suwé2 Sopiré muntab
"Nèk buapakmu hombrèng lan mbokmu wéwé gombèl, kówé ðaði opo, mBlong ?
"Kulo ðaðos …… ðaðos …… ðaðos ……
"Ðaði opo, hayoooooo ! [ Sopiré bés ngécé-écé ]
Sopiré bés ngguyu cekaka’an
Huah … ha …. ha …. hah … ho … ho … ho …..
"Ðaði thuyól ? Huah … ha …. ha …. hah … ho … ho … ho …..
"Mboten !
"Lha ðaði opo ?
"Ðaðos ……. sopir biiiiiiiiiiiiis …………… ! …… Ihi hi hi hik …….. ihik ihik ihik ………..

Gemblong ketemu cah mbeling
"Mu, Temu mrénéyo, tak kandani gosip
"Opo ?
"Si Gasar séng marakké si Paijem, réwangé pak Surip, meteng !
"Ah, ngoyoworo ! Wong si Gasar iséh bocah sangang tahón kok.
"Wé, tenan jé ! Si Gasar kaé mbelingé nyetheg.
"Nðobos !
"Lhó, kok óra nganðel
"Piyé carané ?
"Nganggo biténg
"Biténg marakke meteng ?
"Ho ‘oh
"Tambah nðobos kówé. Mbèl gèdès !
"Wé, kok ra nganðel, lhó. Nèk tenan kówé tak thothoki, gelem ?
"Iyoh, wés. Carané piyé ?
"Gasar nggunakké biténg nggo …….
"Nggo opo ?
"Nyoblosi Karet KB bapakné !
Plethok ! Gundulé Temu ðithothok Gemblong.

Gemblong survai indekost
Bopo Kost nimbali Gemblong
"Mblong, mrénéyo
"Onten nopo ?
"Aku ðuwé ómah isi rong pulóh kamar kost.
"Ðalemé séng celak kantor PLN niku, nopo ?
"Ho ‘oh. Laris, kebak terós, tór séng kost podo krasan. Aku bathi lekenthi.
"Wo, enggéh to ?
"Ho ‘oh. Aku arep gawé ómah kost manèh, néng saðuróngé tak survai disék
"Surdey nopo ?
"Takonono cah2 lanang séng indekost kuwi
"Takon nopo ?
"Opo séng marakké podo krasan kost ono kono. Kok nganti tahónan óra pindah2 ?
"Nggéh

"Mas C, séng marahi sampéyan krasan indekost ono kéné opo ? Opo cedak kampus ?
"Óra, kampusku aðoh seko kéné
"Lha opo ?
"Éntók ngeloni kucéng éng kamar kost.

"Mas D, séng marahi sampéyan krasan indekost ono kéné opo ? Opo murah ?
"Murah ? Kost kéné kelarangen rong pulóh èwu.
"Lha opo ?
"Éntók ngeloni kucéng éng kamar kost.

"Mas E, séng marahi sampéyan krasan indekost ono kéné opo ? Opo kamaré apék ?
"Apék ? Genah pijer trocoh ngéné, kok. Gèk cèté mangkak, kacané podo benthèt.
"Lha opo ?
"Éntók ngeloni kucéng éng kamar kost.

"Mas F, séng marahi sampéyan krasan indekost ono kéné opo ? Opo serpisé apék ?
"Halah, ómah mbleðer, lampuné pat-pet, banyuné incrat incrit, kok.
"Lha opo ?
"Éntók ngeloni kucéng éng kamar kost.

Mengkóno saterusé nganti péng rong puluh.
"Bopo Kost, niki survainé empón rampóng
"Piyé asilé ?
"Jeból laré2 kost niku krasan sebab angsal kempal kebo.
"Ah, óra. Kost séng éntók kumpul kebo akèh, kok ?
"Lha, jaréné angsal ngeloni kebo ?
"Kebo ? Sék, sék, sék ….. bocah2 kuwi podo mangsuli piyé ?
"Lha, wangsulané seðoyo sami : “Éntók ngeloni kucéng éng kamar kost “. Karepé rak ngeloni kebo, ngoten.
"Wong 20 kabèh muni ngeloni kucéng ?
"Enggéh
"Jagat Ðéwo Bhatoro ……….
"Lhó, pripón to ?
"“Kucing” iku parabané bójó enom simpenanku, jé !

Gemblong mbopong bocah nyolowaði.
"Kondektur : Riki, lenggah ngriki, bu. Ngajengé linggihé si Gemblong.
"Penumpang : Nggéh ……. Matór nuwón ……
"Séng ðigéndong niku nopo ?
"Anak kulo mbarep.
"Amét amét jabang bayiiiiiiii …….. iiiiih, anaké kok huèlek banget, to ?
………
………
Gemblong séng lunggóh ono mburiné, óra weróh keðaðéyan mau.
"uhuk …. uhuk …..
"Kéngéng nopo, bu …… kok muwón …..
"Kondektór kurang ajar ……
"Pripón, to ?
"Ngunèkké anakku èlik ….. uhuk ….. uhuuuuuuuu ……
"Wah, niku jenengé ngino ……..
"Ho ‘oh ……. uhuk ….. uhuuuuuuuu ……
"Éng atasé móng kondèktór bis kok ngino sapodo podo.
"uhuk ….. uhuuuuuuuu ……
"Ðiwales mawon, bu.
"Piyé carané ? uhuk ….. uhuuuuuuuu ……
"Pón, ði-pisuh2i mawon
"Ngono, yo ?
"Enggéh !
"Ho ‘oh, yo ?
"Enggéh
"Yoh, iki titip anakku.
"Anak ? …… niku ? ….. (glegk … )
"Gawakké anakku sedélo, yo
"Nggéh, ……. (glegk …. )
"Lhó kok malah semlegeren ? Iki tampanono, …… nyoh.
"…….. Riki, riki, riki …….. munyuké kulo géndongé
Plak ! Gemblong ðikeplak bu penumpang.

Gemblong nyogok munyók
"Mblooooooooooong ……. !
"Onten nopo ?
"Kaé munyókku ucól, mènèk uwét. Tulóng cekelen.
"Munyuké niko jaler nopo estri ?
"Lanang
"Nggéh. Kulo tak mènèk, munyuké kulo sogoké supaðos dawah. Niki segawon kulo jogo ngandap.
"Kok nganggo asu barang ?
"Mangké nèk munyuké tibo, mesthi ðicokot asu niku. Munyuké gampél ðicepeng
"Asu iki biso nyokot, po ?
"Wo, segawon niku nèk weróh barang dawah, mesthi nyokot, jé. Tór mesthi miléh nggèn saru !
"Ho ‘oh, po ?
"Enggéh. Niki krikilé ðiasto
"Kok nganggo krikél barang ? Nggo opo ?
"Kanggé mbalang segawon niku
"Lhó, piyé to kówé kuwi ? Asuné kok malah ðisawat ? Jaréné kon njagani ?
"Lha, nèk séng ceblok …….. kulo ?

Gemblong maén bedèkan
_______________________________________
"Opo sebabé Tukijo yen nonton sorot (filem) mesthi cah 18 ?
"Sebab kanggo 17 keatas

"Apo sebabé angger ono thathit Tukijo mesthi mesam mèsem
"Sebab, rumangsané lagi ðipotret

"Opo sebabé Tukijo óra bisa telpón 911 ?
"Sebab telpune óra ono ongko sewelas !

"Mblong, opo sebabé uðan mesthi soko nduwór ?
"Yèn soko ngisor jenenge air mancur, bódó !
"Numpak motor karó mobil ampóh enði ?
"Numpak mobil, sebab uðan óra kuðanan. Panas óra kepanasen
"Salah ! Numpak motor; sebab uðan óra kepansen, panas óra kuðanan !

"Opo sebabé macan mangan iwak mentah ?
"Óra ðuwé kompor !

"Opo sebabé gedung Bioskop óra klebon banjir ?
"Sebab banjiré óra tuku tiket !

"Opo sebabé motormu mereké Yamaha ?
"Sebab gawéyan Jepang. Yèn gawéyan Arab, mereké Ya Mahmud !

"Opo sebabé Superman rambuté kriténg móng siji ?
"Sebab, yen akèh jenengé Supermie !

"Opo sebabé banyu segoro rasané asin
"Sebab iwaké podo kemringet. Tak oyak2.

"Opo sebabé wong Mexico yèn ngulonðoro ijèn nggowo gitar ?
"Yèn wong Jowo óra biso. Tenèh kemblegan gong.

"Gajah opo séng tlaléné cendak ?
"Gajah pèsèk !

"Opo séng marahi Jakarta kebanjiran ?
"Banyu !

"Opo sebabé iróng ðumunung ono ngarep
"Yèn ðumunung ono nduwór gundulmu, nèk nganggo topi tenèh keplepegen.

"Yèn gajah ðaði piték, séngo ðaði piték, pitiké ðaði opo ?
"Pitike tambah akéh !
"Manók opo séng swiwiné móng siji ?
"Manók nglamar gawéyan
"Lhó, kok ?
"Swiwiné séng siji ngempét map !

"Opo sebabé dokter gigi cangkemé ðitutupi ?
"Yèn matané séng ðitutupi, kléru matamu séng ðibor.

"Opo sebabé yèn ono lampu merah podo mandeg ?
"Ði-rem. Cóbo nék ði-gas, sengoro mandeg

"Yèn aku ulang tahón, sopo séng óra teko ?
"Pitékmu ... sebab wés tak belèh ...

"Opo buktiné yèn wortel murakabi kanggo mataku ?
"Lhó, enði ono kelinci séng pakanané wortel nganggo kaca mata ?

"Opo sebabé yén metu soko Bajay kuðu nganggo sikél kiwo disék ?
"Yèn nganggo endas disék tenéh temungsep !

"Piték opo séng biso ngendog ono petarangan, wit2an, lll ?
"Piték waðon !

"Gajah yèn mabur nganggo opo ?
"Nganggo kangèlan !

"Opo sebabé dokter bedah nganggo saróng tangan ?
"Nèk anuné séng ðisarungi, jenengé KB.

"Kucéng opo séng biso mbaung ?
"Blasteran kucéng karó asu !

"Wit2an iku séng siséh mburi séng enði ?
"Séng peséng !
"Lhó, ?
"Óra ono wong pipis ono ngarep wét, mesthi ono mburi wét.

"Nèk ðitutup malah nginjen néng nèk tutupé ðibukak nesu2. Opo ?
"Wong numpak becak wayah uðan

"Aku ðuwé pisang 10 tok jalók 3, kari piro.
"Tetep 10
"Lhó ?
"Lha kówé cah uthil, jé.

"Trek Trailer karó gróbag bané akéh enði ?
"Trek Trailer
"Salah !
"Gróbag, sebab lagi ngusungi ban.

"Opo séng njabané mulus njeroné kisót2
"Mbahmu numpak Mersi

"Kembang opo séng angger ono wong éng ngisoré mesthi keplepegen.
"Teraté.

"Bekicot karó Klabang Sèwu (kaki seribu) nèk balapan banter enði ?
"Bekicot
"Sebabé ?
"Bekicot wés tekan finish, klabangé róng rampóng ólèhé sepaton

"Opo sebabé tulisan klambiné Superman ‘S’
"Nèk tulisané M utowo L, tenèh kedobrohan

"Opo sebabé bumi tansoyo panas ?
"Saben ðino srengéngéné bukak cabang

"Opo sebabé kaén kafan wernané putéh ?
"Nèk abang, ijo, opo kunéng, tenèh nðarani lagi arep karnadal

haha

locok banget nei hahahahhahah

wah lucu tenan.....lagune

wah lucu tenan.....lagune beegees sing judule WORDS iku juga lagu jowo....it's only word...iku asale soko boso jowo...iso ngliwet/////. piye setuju ora?????dari MG75.

Powered by Drupal - Design by artinet

Listed on: Online Free Directory Submission BACK-LINKS and PAGE-RANK WEB DIRECTORY

Free targeted website traffic - www.ad-traffic.net

BlogCatalog